Senin, 22 November 2021

Jangan nget-ngetan


Enjang menika, sami kaliyan enjang-enjang sakderengipun, bakda sholat subuh, Pak Eko nyepak-nyepakaken piranti kagem ngepit. Ngepit 30 menit saben enjang punika sampun dados pakulinanipun Pak Eko kagem njagi kesehatan.
Lan sami kaliyan enjang-enjang sakderengipun, Pak Eko pamit Bu Eko, garwanipun ingkang ayu,  dhenok dhebleng kados Ariel Tatum.
"Bune, Pakne pit-pitan sek, ya?"
"Nggih, Pak. Atos-atos."
"Sing empuk ra ono Bune?"
"Haiyah!"
"Arep titip opo?"
"Oh, nggih. Tumbas lawuh, Pakne. Teng warung siseh penjara nggih?"
"Yo. Opo wae?"
"Opor sempol setunggal kagem gendhuk, awake dhewe gudeg gangsal ewu, sambel goreng krecek, gangsal ewu. Nek wonten, kalihan gorengan."
" Yo."
"Suwun, Pakne."
"Lha wong aku yo seneng kok, mbok kon blonjo mrono."
"Wonten nopone to Pakne?"
"Ono budhalan **."
"Ayu-ayu yo Pak?"
"Hooh."
"Kok saget ngoten Pak?"
"Lha piye meneh, mangan, ngombe, udud, garek ngobo."
"Oh, iyo. Dite ra kelong. Mulakno, sobone ning salon"
"Wis Bune. Tak metu saiki. Nek awan sithik wis do bubar."
"Ealah, dasar!"

***

Rampung sarapan, Bu Eko ngringkesi piring sendok sak perangkate. Turahan dudoh opor, di campur, didadekke siji karo turahan gudeg lan sambel goreng krecek ning manci cilik. Banjur, ditumapkake kompor, di nget sedelok.
"Pakne, Bune mangke wangsule sore."
"Lha ono opo?"
"Bune mucal ngantos jam terakhir. Niki mangke wonten rapat kesiswaan. Biasane Bune katut di jak makan-makan Pak Win."
"Oh, ya."
"Mangke pakne kondur istirahat siang kados biasanipun?"
"Iyo."
"Mangke nak dhahar siang, ngangge lawuh nika nggih? Turahane dudoh pun kula nget."
"Wuenake. Kowe mangan enak, aku mbok kon mangan jangan nget-ngetan"

KAKI

Pagi itu, disaat langit masih gelap, seperti biasanya, Bubu dan Ayah pergi berolah raga di lapangan sepakbola di ujung kampung. Hujan lebat ...